Pages

Unggul dalam Prestasi Berwawasan IPTEK dan IMTAQ

Rabu, 01 Desember 2010

Geguritan

PIWELING
Dening Cantrik Gunung Prau


Bumi iki duwekmu
Warisan pusaka saka leluhurmu
Genea kowe mung kamitenggengeng
Kesengsem marang kaendahan bae
Garapen enggal garapen
Lan rumaten


Ing kono bakal tinemu
Memanak ing inten lan kencana rukmi
Kang bakal dadi sangumu leladi methuk jaman kuncara
Nerusaka lelabuhane
Kang wus wayah e ngasok ake sarira

Gong ganjur nywara jumlegur
Gentha ngumandhang ing tawang
Aweh tengara cetha ngegia
Awit kuwi wis kersane kang mbabar kelir
Kabeh kudu
Kudu sima gempang
Sakabehing pepalang kakendhang banjir bandhang
Lan gegamaning trah kusuma satriya
Bakal dadi uger-ugering jagad gumelar



LAYANG KAGEM IBU
Anggitane : Megatruh Senjawan Budiyanto


Ibu
Saka lemah pangulandaran kene
Anakmu kirim layang
Nyuwon donga pangestu
Bakal methik kembang
Sesumping sotya
Bakal lungguh dhampar kencana
Linambaran babud sutra

Ibu
Kanthi dlancang seta iki
Anakmu ngantu rawuhmu
Ngasta sasuwek pangapura
Pinangka nambal kaluputan
Anakmu kang wus kasupen
Sega thiwul sambel korek ndesa
Dang dangane ibu sawengi ceput
Dhatan sare kanggo aku
Biyen kae

Ibu estu dak antu rawuhmu
Ingdina pahargyan tembe
Nyuwun uga ibu ngasta
Sega thiwul sambel sagodhang
Binungkus godhong gedhang

Anakmu kangen……………




Kembang Mlathi Kanggo Ibu
Anggitane : Harwimuka

Isih ana mlathi katresnanku
Lan tansah ana katresnanmu
Tanganmu ngekep kenceng uripku ing laku
Tanpa luntur kagrojog ombak ing segara
Saparan
Nganti pengimpen

Ibu
Segagang mlathi dakslemplitake ing ndhuwur kupingmu
Tengara amrik ing asih putih sesuci ati
Ngadhepi urip kang ditawur mayuta brahala
Jangkahmu isih tetep sigrak nandur winih
Ing tegal dhadhaku kang kebak getih
Daksirami nganti saiki thukul ijo royo-royo
Dadi sangu
Saparan
Nganti pangimpen
Urip bebrayan…

Segagang mlathi ora bakal alum kapanggang
Panasing jaman
Jalaran
Tansah daksirami nganggo katresnan

0 komentar:

Posting Komentar